Plt Kepala BPBD Bojonegoro, Nadif Ulfa matur, kekeringan uwes nrajang limang kecamatan, yoiku Sumberejo, Temayang, Sukosewu, Ngasem, karo Ngraho.
![]() |
Musim kering - Tigo |
“Limang Kecamatan uwes kenek dampak'e, nangeng ora kabeh.”
“Kekeringan gur ono sak sebagian Deso neng Kecamatan iku,” jare Ulfa pas diwawancara Suryamalang.com, Seloso (28/8).
Uwes Moco iku Urung : Kracaan, Niagarane Wong Bojonegoro Seng Terkenal
Jare Ulfa, tigo neng Temayang uwes nerak Deso Bakulan.
Neng Kecamatan Sukosewu, kekeringan nerak Deso Sumberjokidul.
Terus kekeringan neng Sumberejo nrajang Deso Tlogohaji.
Deso Tengger neng Kecamatan Ngasem yo keterak kekeringan.
Nak neng Kecamatan Ngraho, kekeringan nerak Deso Sugihwaras, karo Deso Jumok.
“Nganti sak iki ono nem Deso neng limang kecamatan seng keno kekeringan,” Ulfa nambahi omongan.
Petugas BPBD Bojonegoro mulai ngirem banyu resik neng daerah-daerah seng kenek dampak kekeringan.
![]() |
Bantuan air bersih dari BPBD Bojonegoro |
Pirang-pirang daerah seng uwes dikirimi banyu resik yoiku Deso Bakulan, karo Deso Sumberjokidul.
Nadif ngendikan, pengiriman banyu resik wes dikerjani kawet wingi neng loro kecamatan seng kenek dampak kekeringan.
Pengiriman banyu resik iki dikerjani mergo kebutuhan banyu resik neng wilayah-wilayah iku, uwes mlebu kategori darurat.
Petugas iseh mantau perkembangan kekeringan neng pirang-pirang wilayah.
“sementara wektu, petugas terkait uwes ngirim banyu resik neng rong enggon iku,” jarene.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar